Ristyan "bul-bul" Mega Putra

Ristyan "bul-bul" Mega Putra
Inilah Ristyan "bul-bul" Mega Putra

Jumat, 01 Juli 2011

Ya Allah kabulkanlah doa hambaMu ini



Artinya :
Rohmatta’dhim soho keberkahan lan keselametan mugi tetep wonten ngarsanipun kanjeng Nabi Mohammad SAW ugi keluarganipun lan shohabatipun.
Ya Allah mugi kulo panjenengan anugerahi katurunan ingkang sholeh/ sholehah, mugi kulo lan anak turun kulo panjenengan dadosaken tiyang ingkang  sami nindakaken sholat. Ya Allah mugi panjenengan tampi doa kawulo, panjenengan ngapunten sadaya dosa kawulo lan dosanipun tiyang sepuh kulo kalih benjang wonten dintenipun amal dipun hisab, mugi kulo panjenengan lebetaken wontening margining leres ugi panjenengan dalaken panggenan ingkang leres mugi tansah nampi pitulungan saking panjenengan.
Ya Allah panjenengan Dzat ingkang mengertosi sadaya parkawis ghoib. Dhuh Allah Dzat ingkang ngrekso lan jogi dhumateng samukawis, mugi panjenengan rekso dhumateng anak kulo estri ingkang nami : Lutfia Herawati ugi jani ingkang dipun kandhut wonten kandhunganipun, mugi panjenengan paringi kesehatan kekalihipun sebab panjenengan Dzat ingkang saged paring sehat ingkang mboten nuwuhaken penyakit sak lajengipun, namung panjenengan penggenan panyuwunan ingkang leres lan sak saenipun.
Ya Allah, mugi panjenengan ukir (rupakaken) bayi ingkang wonten kandhunganipun anak kulo ingkang nami : Lutfia Herawati kelawan rupi ingkang sae, endah lan edi ingkang sempurno jasmani lan rohani (mboten cacat), mugi panjenengan tetepaken iman dumateng Alloh lan Rosulipun, wonten ing sak lebetipun manahipun.
Ya Allah mbok bilih panjenengan netepaken qodho’ panjengenan dhumateng jabang bayi anak kulo, mugi panjenengan tetepaken qodho’ipun ingkang sae-sae wonten ing babagan rizkinipun, ajalipun, amalipun ugi panjenengan anugerahi kabegjan lan kebahagiaan wonten ing donya lan akheratipun.
Ya Allah, mugi benjang sakwekdal nglahiraken mugi pinaringan gampil, selamet  lan mboten ngrekaosaken. Ya Allah, mugi panjenengan panjanganaken umuripun, sehat jasmani lan ruhanipun si jabang bayi badhenipun cerdas akalipun, sempurno kawontenanipun, lemah lembut ugi alim ilmu agaminipun lan ugi barokah gesangipun mugi panjenengan bagus aken akhlaqipun, panjenengan fasihaken lisanipun kangge maos Al Qur’an.
Ya Allah, namung dhumateng panjenengan kawulo sadaya pasrah, lan ugi namung dhumateng panjenengan kawulo sadaya badhe wangsul, lan ugi dhumateng penjenengan panggenanipun wangsul sadaya makhluk.
Ya Allah, mugi kawulo sadaya panjenengan anugerahi kebahagiaan wonten pagesangan ngalam donya puniko ugi benjang wonten ing pagesangan alam akherat lan panjenengan tebihaken saking sikso neroko.
Rohmatta’dhim soho kaberkahan lan keselametan mugi tetep wonten ngarsanipun kanjeng Nabi Mohammad SAW ugi keluarganipun lan shohabatipun lan sadaya puji puniko kagunganipun Allah Dzat ingkang ngawaosi sadaya alam.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar